ini diambil dari sebuah milis yang saya ikuti..
untuk yang gk ngerti..
jangan sedih!! *alah ceriwis*
ada terjemahannya kok...
selamat tersenyum-senyum atau tertawa-tawa atau malah kebingungan..
Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Industri di daerah Jawa melakukan beberapa tes wawancara untuk "*tidak*" menerima calon karyawan baru, tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg nDaksempurna) ..
------------ --------- ---
G : Kowe nduwe omah opo ora.....? (kamu sudah punya rumah atau belum?)
a : dereng.... (belum.....)
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene (wah..kamu ndak bisa ketrima
di sini)
a : Lho kok ngaten...... ..? (lho kok begitu...??? )
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. (Nanti kamu
pasti ngajuin utang ke perusahaan.. .)
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
(ah...ndak kok, sebenernya orang tua saya sudah kaya raya....)
G : Yo malah ora ketompo (.....ooo malah ndak ketrima...)
a : Lho kok ngaten.....? (lho kok begitu....?)
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
(Nanti kamu kerja cuman buat hiburan, cuman nongkrang-nongkrok thok...
#@*!)
- - - - - -
G : Kowe nduwe motor opo ora....? (Kamu punya motor ndak...?)
b : Mboten. (....tidak punya....)
G : Ora ketompo (....Tidak diterima.... .)
b : Lho kok mboten ketompo ? (....lho kok ndak ketrima...?? ?)
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. (...Nanti kamu pasti
minta bantuan kredit...)
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo
beto ngriki. (... Sebenernya punya, cuman masih di kampung, gampang
nanti saya bawa ke sini...)
G : Wah malah ra ketompo.... (Wah....malah ndak diterima...)
b : lho kok ngoten (.........lho kok begitu..???)
G : Tempat parkire wis ra cukup. (Tempat parkirnya udah penuh.....)
- - - - - -
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....? (Bener kamu udah lulus sarjana?)
c : sampun pak.... (Sudah, Pak....)
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayaré murah (gak diterima, di sini cari yang cuman lulusan SMA aja,
lebih nurut dan bayarnya murah pula....)
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi (sebenernya saya ini masih
belum kelar skripsi...)
G : Malah ora ketompo..... (malah ndak diterima...)
c : Lho kados pundi to....? (lha gimana sih......?)
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo
neng perusahaan liyo. (Nanti kamu kerja cuman ngetik skripsi, dan nanti
kalo udah lulus pasti nyari kerja di tempat laen........)
- - - - - -
G : Kowé seneng guyon opo ora ? (Kamu suka becanda nggak?)
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé. (Tidak, Pak. Saya serius
kalo kerja.)
G: Ra ketompo..... (Tidak diterima....)
d : waa......kok ngoten? (waa....kok gitu?)
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. (Nanti temen-temenmu
dan anak buahmu pada stress..)
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon. (Sebenernya ya,
sedikit-sedikit suka becanda....)
G: Malah ora ketompo. (Malah ndak diterima....)
d : Lho kok...... (lho kok..??)
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu....... (Nanti kamu cuman
e-mail-emailan yang lucu...)
- - - - - -
G : Kowé mau mréné numpak opo ? (Tadi datang ke sini naik apa?)
e : Nitih mobil ... (Naik mobil...)
G : Kowé ora ketompo (Kamu ndak diterima...)
e : Sebabipun ? (sebabnya ?)
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
(Sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naik gaji terus..)
e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok .... (Wo.. tadi saya cuman ngikut
temen, kok...)
G : Tambah ora ketompo (malah ndak diterima...)
e : Lho, lha kok ... ? (Lho, lha kok...?)
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi ! (Nanti cuman
bisanya nebeng mobil kantor.... Ngerepotin! *&$@!)
- - - - - -
G : Anakmu akèh opo sithik ? (Anakmu banyak apa sedikit?)
f : Kathah pak (banyak, Pak...)
G : Kowé ora ketompo (Kamu ndak diterima..)
f : Sebabipun ? (Sebabnya..?)
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus (Kamu
kerja ndak konsen, cuman mikirin bikin anak meluluu.....)
f : Lha wong namung anak adopsi, kok. (Lha wong cuman anak adopsi, kok...)
G : Tambah ora ketompo (Malah ndak diterima....)
f : Lho, lha kok ... ? (Lho, lha kok...?)
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé (Bikin anak aja
males, apalagi kerja.....)
- - - - - -
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ? (Kamu dah tahu kerjaanmu belum?)
h : Dèrèng (Belum)
G : Kowé ora ketompo (Kamu ndak diterima)
h : Sebabipun ? (Sebabnya ?)
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ? (Mau kerja kok ndak tahu
kerjaannya.. .)
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok (Ooo...kalo kerjaan itu
sudah tahu kok...)
G : Tambah ora ketompo (Malah ndak diterima...)
h : Lho, lha kok ... ? (lha....?)
G : Kowé rak mung arep keminter, to ? (Kamu kan cuman sok tahu..kan???)
- - - - - -
G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung? (Kamu tahu keadaan kantor
ini belum?)
k : Dèrèng (Belum)
G : Kowé ora ketompo (Gak diterima)
k : Sebabipun ? (Sebabnya..?)
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ? (Mau kerja kok ndak
tahu kantornya?)
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok.. (Wah... sedikit-sedikit sudah
tahu kok.....)
G : Tambah ora ketompo (Malah ndak diterima)
k : Lho, lha kok ... ? (Lho...???)
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ? (Kamu senengnya
cari-cari gosip kantor kan?)
- - - - - -
G : Kowé kerep loro ? (Kamu sering sakit?)
m : Mboten (Tidak)
G : Kowé ora ketompo (kamu ndak diterima)
m : Sebabipun ? (Sebabnya?)
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering (Pasti bakal sering
bolos, lha wong jarang sakit...)
m : Wah, sakjanipun nggih asring (Ya..sebenernya ya sering...)
G : Tambah ora ketompo (Malah ndak diterima....)
m : Lho, lha kok ... ? (Lho..?)
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren (di sini ndak mempekerjakan
karyawan penyakitan.. ..)
- - - - - -
G : Kowé biso main Internét ? (Kamu bisa pake internet?)
n : mBoten (Ndak bisa)
G : Kowé ora ketompo (Kamu ndak diterima)
n : Sebabipun ? (Sebabnya ?)
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet) (Di sini ndak nerima orang BI)
n : Wah, sakjanipun nggih saged (Wah...sebenernya sih bisa..)
G : Tambah ora ketompo (Makin ndak diterima)
n : Lho, lha kok ... ? (Lho..?)
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa ! (Pasti bakalan ndak kerja, kebanyakan pake
internet, kan? ngabisin pulsa!!!!)
- - - - - -
G : Kowe waras opo ora? (Kamu waras apa tidak ?)
o : Lha, kulo nggih waras to Pak. (Lha, saya ya waras dong, Pak....)
G : Ra ketompo..... .. (Tidak diterima...)
o : Kenging nopo .....? (Kenapa?)
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. (Nanti kamu pasti ndak
krasan di sini....)
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. (Itu dulu, Pak....
sekarang sih sudah agak gila...)
G : Malah ra ketompo..... . (Malah ndak diterima...)
o : Pripun to niki....? (Wah..gimana sih?)
G : Mengko aku duwe saingan..... ..... (Nanti aku punya saingan.....)
..have a nice day semuanya..